carito Babad Nagari Indonesia , kanggo bocah :
eling eling
naliko sinuwun Prabu Susilo Bambang Yudhoyono ingkang lenggah wonten ing kraton Batavia . badhe lengser keprabon tahun 2014 , sasi februari tanggal 13 , purnomo sidhi , Gunung Kelud ing kadipaten kedhiri tlatah Bang Wetan. mledos , medal awu , pasir , kerikil . bledek nyampar nyampar ing langit , suwarane gunung kelud mledos ngawe jantung deg-deg an. kabeh manungso mlayu , nyelametake awake dhewe lan kaluwargane.
ngertiyo bocah...
awunipun nganti kawur kagowo angin tumekan kadipaten suroboyo ing sisih lor , ngantos kawur angin mangidul , mlayu tumekan istana kraton mataram , tumekan candi budha ing bhumi sambara , ora mandheg . trus kawur angin awune bablas tukeman sisih kulon kadipaten banyumas.
separo tanah jowo oleh kanugrahan awu saking gunung kelud.
mangkono kuwi kedadian naliko sinuwun Prabu Susilo Bambang Yudhoyono badhe lengser keprabon ing tahun 2014.
tanggal pat welas sasi februari 2014
upacara agung dinten welas asih utawi valentine day
nuwun.
salam,
edy pekalongan
Komentar